Kepriyen kabare?

Saben-saben enyong niliki umahe blogger kebumen mesti aku seneng. Soale apa, lha kanca2 blogger kebumen pada rajin. Lha kuwe jajal diwaca ana sing rajin nulis nang bloge dhewek lan uwis dimuat nang majalah. Tulisane ya pada kreatif-kreatif lan selalu up date. Cuma enyong kepikiran ya kapan kanca-kanca kabeh padha ngumpul bareng. Misale pas lebaran tahun ngarep apa pas kapan.

Enyong sih menyadari, lha awakku dhewek nek lebaran kur sedhela nang kebumene. Tapi nek uwis diniyati mengko mesti ana dalane. Enyong ya menyadari nek kanca-kanca kabeh mesti padha duwe kesibukan dhewek-dhewek. Wadah blogger kebumen mudah-mudahan bisa nambah tali silaturakhim najan urung tau ketemu, ning nang ati wis padha nyawiji.

Ayo para kanca sing ngaku blogger Kebumen, tulis bae uneg-uneg kanca kabeh, ora usah kewatir ditangkap pulisi (wong ora nglanggar ya ora ditangkep), utawa usul apa bae ulih kok, ora usul ya ora apa-apa. Sing jelas gratis ora mbayar. Komentar ora mbayar kok...

 


enyong melu mejeng ben terkenal, sapa ngerti enyong mengko dadi gubernur apa dadi mentri
wis ora keget sebab wis tau mejeng nang bloge wong kebumen

big-sugeng
asli kewangunan, mburuh nang jakarta, omahe nang jogja
Read More......